Minggu, 04 Desember 2011

JAVA CORNER


Teman, mungkin kita sering mengikuti acara yang diadakan di lingkingan sekitar kita, khususnya di desa. Seringkali, baik itu pembawa acara, pemberi sambutan, maupun penyampai materi menggunakan bahasa Jawa. Mungkin ada sebagian dari kita yang belum mengerti apa maksud yang hendak disampaikan, karena bahasa Jawa yang digunakan terlalu sopan atau bahasa kerennya Krama Alus. Nah, menjadi tugas kita nih sebagai generasi muda untuk lebih memperdalam kazanah bahasa Jawa kita, karena siapa lagi yang akan melestarikan bahasa ini selain kita sendiri, iya nggak? Oleh karena itu, saya akan memberikan contoh sambutan (tanggap wacana) dalam acara Maulid Nabi, karena nggak nutup kemungkinan ketika kita sudah terjun ke masyarakat, kita disuruh untuk menyampaikan pidato atau sebagai pembawa acara. Baca ya!!!
Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin saha muslimat ingkang dahat kinurmatan.
Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal wonten ing masjid Al-Mujahidin mriki.
Ing dalu (dinten) punika tanggal 12 rabiul awal taun 1942 H utawi tanggal 5 wulan april 2009 M. kita saged makempal wonten ing masjid Al-Mujahidin mriki, ingkang saperlu maulid Nabi junjungan kita panjenenganipun nabi agung Muhammad SAW.
Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan maulid nabi ing masjid mriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal hangrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadar dhumateng agami islam minangka pitedah kebahagiaan agesang wonten ing ngalam donya lan akhirat.
Mboten langkung kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para muda sanak sadherek ingkang sampun mbiyantu ngenthengaken saha tumut ngrigenaken pengetan maulid nabi punika, kula minangka panitia penyelenggara mboten saged ngaturaken punapa-punapa kajawi pudya pudyastuti dhumateng Allah SWT. Mugi amal lan kesaenan panjenengan pikantuk lelintu ingkang samurwatipun.
Wondene inti saking pengetan punika badhe dipun wedharaken Bapak KH. Chairul Anam saking desa Gayaman.
Kula kinten menggah atur pambuka, kula cekapi semanten lan pengetan maulid nabi ing dalu punika kula bikak. Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah,
Assalamualaikum Wr. Wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar